Senin, 02 April 2012

BAB II A TEMBANG (KIDUNG) DHANDHANGGULA DALAM BAHASA JAWA BIASA (NGOKO) AGAR SUPAYA UMAT MANUSIA SELAMAT LAHIR DAN BATIN

Pupuh Dhandhanggula

1.       Heh pra janma salumahing bumi
Amit sewu sun cumantaka
Kang duwe penemu dhewe
Ywa nganti seling surup
Apa maneh pada pradongdi
Rebut bener priyangga
Aja pada ngawur
Dduwa panemuning liyan
Rumangsa unggul marang kawruh pribadi
Hormat paham sapadha

2.       Tan gampang antuk pituduh suci
Saka panguwasane Kang Kuwoso
Kudu ngerti paugere
Waton karsa nyinau
Anetepi anggering Gusti
Catur ingkang linarang
Sapto wajibipun
Sregep olah kasutapan
Asesirih mbrakah, ngrowot, apatigeni
Tansah eling mring Allah

3.       Kados pundi larangan sayekti
Awrat sinonggo abandrek jina
Karonsih sanes garwane
Ing donya tan kaukum
Paling apes tinangkep hansip
Lan saged dipun arak
Mring warga satuhu
Wirang isin pan sanyata
Ajrih wangsul pinanggih putra lan putri
Nenggih ugi keng garwa

4.       Kapindone garwa ngantos kalih
Saged ugi tigo lan sekawan
Sirah mumet angrusuhi
Sedaya sami manut
Wit tan kirang betahing napsi
Batin samya ngresula
Nggronjal manahipun
Ing batos karaos gothang
Bab katresnan ingkang mboten saged adil
Tentrem bebrayannya

5.       Ingkang katri pinacuh Hyang Widhi
Pakartine tansah nakal nistha
Mung nggugu karepe dhewe
Tan ngagem pitedah luhur
Damel cintrakane sesami
Tegel kejem amilara
Mring umat sadayun
Colong jupuk apus krama
Sampun ical kautaman budhi pekerti
Risak iman lan takwa

6.       Catur pepacuh ingkang rinakit
Wajib setya mring kabeh pranatan
Pitung prangkat cacahe
Setya Gusti satuhu
Ugi setya Utusan Widhi
Setya mring pamarentah
Dhalah wakilipun
Katri marang ibu bapa
Kathah malih kasebat sesepuh neki
Anak bojo priyangga

7.       Mboten jangkep tan nresnani malih
Brayat kita kang kempal sak wisma
Klebet ugi pembantune
Kabeh kudu winengku
Nedhaharen luhuring budhi
Wajib catur kasebat
Ing ngandhap punika
Panca wajb kawahya
Tresna asih marang para umat sami
Sampun trep lan sampurna

8.       Kantun kalih wajib den tetepi
Budhi luhur adil lan welasan
Kang kanem iku wujude
Awrat kayektenipun
Pancen niru sipating Gusti
Nadyan tan ngepasono
Kirang langkungipun
Mugi Gusti angapura
Dumateng titah kang tansah tan anetepi
Angger-angger Paduka

9.       Nomer pitu sakelangkung penting
Para umat kedah netepana
Tan mboten wajib liyane
Nyambut damel kang baud
Linambaran eling ing Gusti
Nadyan pinuju suka
Sampun ngantos wuru
Emut begalaning nyawa
Kuwajiban tan kenging den balenjani
Amrih hantuk nugraha

10.   Lah punika Paugeran neki
Awya nganti cicir pangudinya
Supaya rancak lakune
Pan awrat katempuh
Tekad waja atos tan gigrik
Ngendih napsu priyangga
Kenceng tekatipun
Tan wawang amengsah nyawa
Jer punika lampah ingkang den ugemi
Pilih janma kang wikan

11.   Ing samangke sampun den lampahi
Wonten malih lampah ingkang awrat
Pasa mutih cegah sare
Ngirangi dhaharipun
Gurih eco kathah tur manis
Meper karsa asmara
Anrima ing pandum
Andhap asor lembah manah
Sruwa-sruwi tansah wramira ing budhi
Kekadhar sare nira.

























Tidak ada komentar:

Posting Komentar